Selasa, 13 November 2012

Pujian Dzuhur

Pujian Dzuhur

Robbanaa Ya Robbanaa Dzolamnaa anfusana
waillam taghfirlanaa wa tarhamnaa 
lanakuunannaa minal khosiriin




Turunane Ibu Hawa Bapa Adam
Gelem netepi pengaturan Iman Islam


Gage wudhu tandang sholat rong roka’at
Gawe gedong ning suarga ni’mat rokhat

Gedong suarga bata emas perak selaka
Mambu kasturi ambar za'faron kangge dika


Sapa wonge pengen sugih dunya akhirat
Awan kerja bengi munajat aja keliwat

Ayu sholat kula kabeh berjamaah
Gagian kumpul berjamaah olih hikmah


Ya hikmahe wong kang solat berjamaah 
Drajat pitu likur seneng nemu bungah
Senajana ora khusyu’ ning atine
Sebab nyata imam lan makmum pada bodone
 


Ya diterima sholate banget rageme 
Sebab ngurip-ngurip agama islame
Batuk niba sikil madal sujud syukur 
Dedongane mugi selamet subur makmur

Allah Allah Ya Allah gusti pengeran
Nuhun kiyat ibadah kula siweg b
elajaran

Mlarat ning dunya olih mangan olih nginum
Mlarat akherat mangane ya mung Ri Zakum


Ora manjing ora metu ning gorokan
Dadi nutupi maring dalane ambekan 

Wong ning neraka jerat jerit jaluk nginum
Nggo ngilangaken serete mangan ri zakum


Den inumi godogan timah banget panase
Usus ambrol daging ambrol pada rantase

Aduh gusti awak kula ya kepripun
Balik sing dunia mlebu kubur dadi getun

Aduh awak kagila-gila bodone
Tiwas pegel ibadah kula langka kanggone
Ayu donga muja muji awak kula
Nuhun dirobah nasib kula ingkang ala


Gusti nuhun panjang umur jembar rezeki
Mugi Allah nolak blai sa’ puniki

Amin Amin Ya Allah Robbul ‘alamin
Nuhun diqobul donga kula tiang miskin
 


Amin-amin Ya Allah Robul 'alamin
Mugi kula dadi golongan wong mu'min
Amin Amin Ya Allah Robbul alamin
Mugi slamet sedayane tiang mu’min

3 komentar:

  1. Ning wong tua...
    Yen masih urip kirimana
    Ning wong tua yen masih urip kirimana
    Ning wong tua yen wis mati
    Dongakana
    Ning wong tua yen wis mati dongekeba

    BalasHapus