Sabtu, 17 November 2012

Mutiara Nadzom 1


Mutiara Nadzom 1


Duh Gusti kang sifat Rohman
Mugi ngesoaken kerohmatan
Keselametan dateng abdi Tuhan
Nabi Muhammad ing kang pungkasan
Kawula warga sohabate pisan
Umat Islam boten ketinggalan
Dateng dunya subur ma’mur aman
Sampe dugi zaman kelanggengan

Laa ilaaha Illallooh Al-Malikul Haqqul Mubin
Muhammadur Rosuulullooh Shodiqul wa'dil Amiin
 
Gusti sinuhun nawuri sorban
Ngideri mesjid minangka hudan
Dipun beber Nyai Mas Ayu
Gandasari saking Dermayu
Duh Gusti sae temen
Sorban niki kangge sinten
Jawab Gusti sorban niki
Kangge umat Kanjeng Nabi
Umat ing kang purun sholat
Serta nurut perentah sunnat
Perentah Allah kang den pasti
Ora tinggal sampe mati
Lamun sira dadi wong mampang
Alamat   bakal    kejurang
Prentah Alloh Prentah Rosul
Ahli Nabi dipun singkur
Ngaku bisa ning syahadat
Takabur kang luwih berat
Berate ngaku bisa
Mangka Alloh bakal nyiksa
Siksane    kasia - sia
Sira nyingkur ning wong mulya
Aja sambat kaniyaya
Bakal teka mungsuh ira
Sing kandel-kandel kulite
Sing akas-akas balunge
Sing tegas penjawabane
Diganden mangsa wurunga
Ya Muhaiminu Ya Salaam
Nuhun Rohmat sarta Salam
Ning Kanjeng Nabi sarta kholifah
Ali Nabi Siti Khodijah
Ya Muhaiminu Ya Salaam
Nuhun Rohmat sarta Salam
Ning Kanjeng Nabi ning adepan
Ayu matur mungpung sowan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar